Ki H Anom Suroto, Palasara Maguru

P02 palasara_solo

“…………………………….. Kacariyos, Prabu Kekaya ing Kraton Kecakapura rumaos bebeg ing panggalih, amargi kathahing para raja ingkang ngayunaken Dewi Kekeyi ingkang ing wekdal samangke sampun kapareng masranggrah ing tepis wiringing Kraton Kencakapura nengga dhawuh karampungan saking Prabu Kekaya.  Awit saking pamrayogining Patih Lebdanagara, Sang Prabu kasuwun pados srayan dhateng njawining rangkah, ngiras pantes mbikak sayembara.  Sak sintena ingkang saged ngunduraken ratu sewu negara ingkang sampun masanggrah ing tepis wiringing Kraton Kencakapura, menawi putri kaaken sedherek sinarawedi dene manawi kakung badhe kadhaupaken kaliyan Dewi Kekeyi.

dewi kekayiPrabu Kekaya dhawuh dhumateng pangeranpati Kraton Kencakapura, nuninggih Raden Kayun kinen pados srayan dhateng sanjawining rangkah.  Ing pangajab sageda enggal ngrampungaken ruwet rentenging nagari Kencakapura.

Raden Palasara ingkang nembe maguru dhateng Pandhita Putri Dewi Rukmawati sasampunpun pinaringan wewarah, rumaos lega penggalihipun.  Mboten namung punika, Raden Palasara ugi kataman asmara dhateng sang putri.  Sang putri mboten nyarujuki, namung paring pamrayogi dhumateng Raden Palasara kinen mandhap saking padhepokan kinanthenan kaca pangilon ngupadi wanita ingkang pasuryanipun sami kaliyan pasuryan ingkang kagambar ing kaca pangilon.

Lampahing Bambang Palasara pinanggih kaliyan Raden Kayun ingkang lajeng kasraya ngunduraken para raja sewu nagara ingkang sampun siyaga nggebag nagari Kencakapura.  Gancanging carita, Raden Palasara kasil ngawonaken ratu sewu nagara lan katetepaken bilih piyambakipun saged mupu sayembara…………………………………………………………”

Lugunipun mboten wonten bab ingkang katingal beneh ing lampahan punika, malah kepara ing bab setting, kraos kirang nyokot. Cobi panjenengan midhangetaken ing perangan jejer I (Kraton Kencakapura),  Tanggap wacana antawisipun Prabu Kekaya kaliyan Raden Kayun, kraos kirang bobot.  Langkung-langkung nalika Bodholan, ketingal radi kehodhoran.

Salajengipun ing Jejer Keprabon II (Kraton Parang Rukmi), antawisipun Prabu Seti Darmanagara lan Prabu Surabramadiraja saking Kraton Banon Salembag. Lengghipun Patih Kumbaranangga ketingal dipun peksaakkaken.  Mboten kraos mili lancar.  Ing adegan punika, mestinipun kadamel serius, ananging malah kraos kirang trep.  Cobi panjenengan midhangetaken nalika kedah kaping kalih regejegan antawispun Prabu Surabramadiraja lan Prabu Seti Darmonagoro.

Ugi nalika perang gagal.  Suwau kula nginten bilih raja kekelih ingkang kagambaraken ing  Jejer II anggadhahi dhapukan ingkang penting ing lampahan punika.  Nyatanipun mboten babar blas.  Malah Prabu Setidarmanagara, mboten medal malih.  Lajeng Ratu sewu nagara sanesipun ugi mrucut mboten wonten dongengipun.

Ananging ing lampahan punika, tinulung ing Jejer Pertapan, nalika sang Pandhita Putri Dewi Rukmawati maringi wejangan dhumateng Bambang Palasara.  Kathah wucalan budi luhur saha adeg-adeging pamong ingkang dipun babar kanthi runtut lan ngewrat wewarah ingkang lebet.  Saiba, menawi ing jejer punika dipun damel radi fokus kados nalika KI Anom Surata mbabar lampahan Dewaruci saha Begawan Ciptaning.

Langkung mbingungaken malih menawi lampahan punika dipun sambetaken kaliyan Lampahan Abiyasa Lahir.  Wedalipun paraga Dewi Kekeyi ing lampahan punika lan Dewi Durgandini ing Lampahan Abiyasa lahir, samsaya mbingungaken. Duka punapa ingkang dipun agem refensi dening Ki H Anom Suroto.

Ananging badheya kados pundi, lampahan punika tetep layak dipun simak lan midhangetaken.  Sinaosa hasil ripping saha rekamanipun kathah ingkang bolong-bolong amargi anggen kula pikantuk ampilan kaset nggih namung kados ingkang katur ing ngarsa panjenengan.

Sinaosa mboten papanipun atur panyaruwe ing babagan lampahan ringgit purwa ingkang tertamtu punika sampun kapundhut saking babonipun langkung-langkung binabar dening dhalang sekaliber Ki H Anom Suroto, ananging raos kuciwa kedah kawedalaken katinimbang dados wudun.

Nyuwun pangapunten, saha sugeng medhangetaken.  File-fileipun wonten mriki…………………….

  1. Anom Suroto, Palasara Maguru 01
  2. Anom Suroto, Palasara Maguru 02
  3. Anom Suroto, Palasara Maguru 03
  4. Anom Suroto, Palasara Maguru 04
  5. Anom Suroto, Palasara Maguru 05
  6. Anom Suroto, Palasara Maguru 06
About these ads

Tentang Jaman Semana

Sapa Wani Karo Aku wong Aku Ora Wani Karo Sapa-sapa

Posted on 12 Oktober 2010, in KI H ANOM SOEROTO, Palasara Maguru, WAYANG, WAYANG KULIT. Bookmark the permalink. 4 Komentar.

  1. Anom Suroto, Palasara Maguru 06

  2. Kelik Nepen, Teras

    Ngapunten Mas…. kagem download Palasara Maguru, kulo nyuwun paswordipun… tur suwun….

  3. nyuwun ijen downloud mas matur sembah nuwun

Dhawuh Panjenengan

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s

%d bloggers like this: